Download Aplikasi SantriLampung.
You may want to read this post:
You may want to read this post:

Pitutur luhur



Ngger anakku...
Sawangen kae dagelan jagat..
Sing lagi rebutan dunyo lan pangkat..
Rumangsane wis paling kuat..
Nganti lali yen dunyo iki bakale kiamat..



Ngger anakku...
Sawangen kae dagelan jagat..
Podo lali ngrumat wasiat..
Gaman aji kanggo dunyo lan akhirat..



Ngger anakku...
Sing kok sawang kae ojo ditiru..
Rungokno lan elingo karo pesenku..
Kanggo ugeman lakon uripmu...



Ngger anakku...
Bagusmu dudu seko awak lan sandanganmu, luwih-luwih bondomu ... dudu anakku!!
Ayumu dudu seko wedak pupur kang gampang luntur...
Nanging kabeh mau seko resike atimu sing nompo pitutur luhur...
Sugihmu dudu emas picis raja brana sing gampang sirno...
Nanging jembare atimu sing koyo segoro...
Sing iso nompo pesthining kang moho kuwoso.



Ngger anakku...
Eling ta di eling-eling...
Ojo nganti imanmu ngguling...



Ngger anakku...
Sekarat pati iku banget lorone...
Sebab naliko jaman uripe...
Akeh dosane lali marang taubate...
Ngumbar terus hawa nafsu lan murkane...
Saiki cedakno atimu marang Gusti Allah SWT kang Murbeng Dumadi.


Mesti uripmu bakal mukti ing dunyo lan akherat.
Aamiin ya Rabb

Alumni Universitas Islam Negeri Lampung.
You may want to read this post:
You may want to read this post: